Buku Pethikan Jongko Joyoboyo
Ngayogyokarto : 10 Nopember 1991
Kasusun deneng :
RIDWAN SOEBANDHIE
KEMPALAN RAMALAN PUJONGGO - PUJONGGO MISUWUR SAKING TANAH JAWI
Kadosto :
Ramalan JOYOBOYO
Ramalan RONGGOWARSITO
Ramalan SABDOPALON
Ramalan TANJUNG PUTIH
lan sanes-sanesipun
Isinipun buku puniko kangge pepenget, waosan sarto kangge aniti kawontenan INGKANG SALERESIPUN, jer punika kalebet Satro Waji ingkang mboten alit maknanipun.
Sumonggo poro sutrisno mugi andadosno kawuningan sahapamrayogi, saha kersoa anglengkapi isi buku punika sagedo sampurna dalah saged migunani.
Suwun
__________________________________________________________________
J A N G K A - J A Y A B A Y A
SEDDA - WAKYA
Punika cariosipun Prabu Jayabaya ing Khadiri, kala ketemuan Pandhito saking RUM, nama Maolana Ngali Samsujen.
Prabu Jayabaya langkung hormat katemuan Pandhito linuwih, misuwur saged ameco, uningo saderengipun winarah.
Prabu Jayabaya lajeng puruito ing suraosipun jangka-jangka ingkang ghoib-ghoib wewadosing cipto sasmito. Sasampunipun putus sadaya nunten Maolana Ngali Samsujen amedharaken sakhataing jangka ingkang sampun kasebat ing salebeting kitab MUSARAR sadaya; sarta nyariosaken kala ing Nungsa Jawi taksih suwung dereng isi manungsa.
kala semanten wonten dawuhing sasmito dhateng sultan GALBAH ing RUM kinen angiseni sakhatahing pulo-pulo ingkang taksih suwung dereng wonten manungsanipun.
Kanjeng Sultan GALBAH lajeng andhedawuh dumatheng patihipun kinen amariksani sakathahipun pulo-pulo ingkang dereng isi manungso. Sangha Patih lajeng andangu para nangkhoda ingkang sampun sami lepas purugipun denira ngambah samodra.
Athuripun para nangkodha, inggih wontwn pulo satunggal pernah sakidul wetanipun tanah Hindustan watawis lelayaran kawan doso dinten kawan dasa dalu, ubengipun temu gelang wonten wukiripun ageng-ageng langkng sangking kaleh doso iji, ingkang alit-alit akathah warananipun, punika taksih sepen dereng wonten manungsanipun.
Sang Nindya mantri Jeng Sultan amratelakaken aturing nangkodha Sangha Patih dinawuhan kinen sesaosan tiyang kaleh lekso somah ingkang pepek sapirantosipun sadaya, sampunipun samamto, lajeng kaangkataken kawrat ing baito, dumugi ing tanah Jawi anjunjung wukir Kandha inggih punika ing hardi Kandheng.
Kala samanten dathengipun tiyang RUM wonten ing tanah Jawi wulan RUM anuju ing wulan NISAN etanging tahun Adam, awit kala Kanjeng Adam katurunaken dhateng ngalam dunyo.
Dumuginipun ing tanah Jawi, kaisenan tiyang saking RUM ingkang wiwitan kaetang ing tahun Srengenge angsal 5154 warsa, kaetang ing tahun Rembulan angsal 5306 warsa menggah wecaning jangka awit ing tahun Jawi kaisenan titiyang saking RUM ingkang kapisan dumuginipun ing dinten Kiyamat Kubro kaetang amung meningi 2110 warsa ing tahun Srengenge utawi angsal 2173 warsa ing tahun Rembulan.
Kacariyos titiyang saking RUM, 20.000 somah wau lajeng sami babat-babat wana wukir sakurutipun hardhi Kandheng sadaya. Sareng antawis angsal katarab ing lelabut, brekasaan tuwen tini mangso ing sato galak, kakinten among kaleh doso somahsami kaplajeng anumpal keli ing lautan dhateng negari RUM.
Kauningan ing Kanjeng Sultan GALBAH, lajeng animbali sakathaing para Pandito para tapa ingkang sakti-sakti, kinen sami anumbali angkeripun tanah Jawi, sarto utusan kinen anithik badhe panggenanipun tetumbal. Ingkang dinuto Raja Pandhito langkung dibyo sekti nama Ngusma Ngaji.
Sareng ing antawis kalih tahun Kanjeng Sultan RUM utusan amasang tumbal jimat saking poro Pandhito, para Topo dumugi ng tanah Jawi. Tetumbal wau pinasang amaju sekawan gangsal ing tengah. Kala awit pamasanganipun ing wulan RUM amarengi ing wulan Akyar ing tanah RUM amarengi 555.
Sesampunipun purna pamasangipun somah-somah pernah gangsal punika. Ing dalem selikur dinten sagunging lelembut brekasaan ageng alit sedaya sami ngungsi dhateng samodro. Sareng ing ngatawis tigang tahun, Kanjeng sultan RUM utusan amundhuti tiyang dhateng tanah ing Hindusta, titiyang tanah Keling, titiyang tanah Khandi, titiyang ing tanah Siyem lan sapanunggalipun, angsal tiyang kalih lakso somah pepak ing sapirantosanipun, sadedamelipun, sarojokayanipun miwah saingon-ingonipun, sadaya kawet ing baito lajeng kaangkataken dhateng tanah Jawi, sami pinancar pinantah pantah dados kalih doso pontho, ing sapanthah - pantahipun anyewusomah lajeng kaprenahaken sowang - sowang. ingkang mangilen ingkang mengeten tuwin ingkang wonten ing tengah sampun sami lekas babad-babad wono wukir kataneman pantun, jujutan, juwawut, ing sapanunggalipun, wiji sangking tanah ipun piyambak-piyambak. Kaetang ing wektu puniko awit ing tanah Jawi kaisenan tiyang saking RUM ingkang kaping kalih, dumuginipun Kiyamat Kubro amung meningi 2100 warso ing tanah Srengenge utawi 2163 tahun Rembulan.
Telas cariosipun Maolana Ngali Samsujen dhateng Prabu Jayabaya, deniro amedharaken susaosing kitab MUSARAR. Maulana Ngali Samsujen lajeng awewarah yen titiyang tanah Jawi ingkang sampun puruhito susaosing jangka makaten puniko amung Ajar Subrata ing wukir Padhag. Sang Prabu Jaya Baya langkung suko ing manah dene kagungan sedherek atunggal guru. Saareng ing sawatawis dinen Prabu Jayabaya anganggit jangkanipun ing tanah Jawi, minggah ingkang kasebut ing jongko awit ing tanah Jawi kaisenan titiyang sangkng RUM ingkang kaping kalih, ing dumuginipun ing dinten Kiyamat Kubro jangkanipun dados Tri kali tegesipun dados tigang jaman ageng, inggih puniko jamaning jagad ing tanah Jawi.
Sesampunipun rampung panganggatipun jangka Jayabaya, ingkang kababaraken lelampahaning jaman satunggal-satunggal, sarto sampun tiniti prikso leres dening Maulana Ngali Samsujen, ingatawis dinten Maulana Ngali Samsojen pamit mantuk dateng negari RUM.
Prabu Jayabaya umiring kaliyan ingkang putro Prabu Anom Jayamijoyo ing Pagendhongan dumugi ngampeyaning nagari wangsul, Prabu Jayabaya karso mampir dhateng wukir Padhang, badhe kepanggeh kaliyan Ajar Subrata.
Kala samanten Ajar Subrata sumerep nunten gupuh-gupuh methuk angacharani. Prabu Jayabaya lajeng lenggah ing sanggar palanggatan, ing naliko punika Ajar Subrata sumerep badhe nyobi kawaskitanipun Prabu Jayabaya dene kawartos titiseng Sang Hyang Wisnu, nunten asasmito dhateng endhangipun kinen amedal nyaosaken engkang pasugatan. Sareng dumugi ing ngarsa Nata kawistara pasugatanipun Ajar Subrata awarni pitung prakawis inggih punika :

- Kunir sarimpang
- Juwadah satakir
- Getih satakir
- Kajar sawit
- Bawang petak satakir
- Sekar melati satakir
- Sekar seruni satakir
Prabu Jayabaya sareng ngawuningani pasugatanipun Ajar Subrata awarni pitung perkawis sakalangkungdukaning panggalih, lajeng narik curigo ki Ajar Subrata pinusuk pejah layon mukswa, endhangipun badhe lumajeng cinandhak lajeng dipun wasesakaken sinuduk pejah.
Prabu Anom Joyomijoyo sakalangkung ngungun denira aningali dukaniro ingkang rama, dene marasepuhipun kawisesa tanpa dosa.
Sang Prabu Jayabaya kundur, lajeng dipunpandikani kaliyan pangrarapu basa manura; dhuh putraningsu kaki Prabu Anom ing Pagendhongan, ojo sira sungkawa ing patine mara-tuwanira, ing sejatine iki dosa marang karaton, karepe bakal anyupet para panjenengan Nata ing Tanah Jawi ingkang durung kalakon. Sesuguhe Ajar Subrata mau dadi pasemon kang durung ana, yen umpomo sun tanggapono mesti ora ono karataon, mung para pandhita kang dadi bebundhel sinuhun-sinuhun marnag wong akeh. Mangkono karepe si Ajar Subrata . Karana ingsun wes winejang marang guruningsun Sang Maolana Ngali Samsujen sabareng kawruhe padha lan ingsun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar